carane berprasongko apik marang
wong liyo
bismillah..
caeane supoyo biso Husnudzon/nduweni
prasangko apik marang wong liya:
- Yen ketemu marang wong, yakino yen
wong iku luwih apik tinimbang awak e dewe .
Munio ing jero atimu..
''Iso ugo derajate wong iku luwih dhuwur lan
luwih apik soko awak e dhewe ing ngarsane
Gusti Allah''
- Yen ketemu marang bucah cilik ,
Mulo munio ing jero atimu...
''Bucah iku durung nglakoni maksiat marang
Allah, lalek aku wes nglakoni akeh
maksiatte, mulo bucah iku luwih apik
tinimbang aku''
- Yen ketemu tiang sepuh (tuwo)
Munio (Ing jero atimu):
''dheweke wis ngibadah marang Allah luwih
suwe soko aku, mulo dheweke luwih becik
soko aku ''
- Yen ketemu marang wong seng ber ilmu/
alim
Munio (Ing jero atimu):
''Wong iki duweni karunia seng ora tak
duweni , duweni kedudukan seng ora tak
kuasanii , lan biso ngamalke ilmune , mulo
wong iki luwih apik tinimbang aku''
- Yen ketemu wong bodho
Munio (Ing jero atimu):
''Wong iki nglakoni maksiat marang Allah
amargo dhewek e bodho (ora ngerti)
,sedangkan aku nglakoni maksiat tapi
ngerti hukume lan akibate , Lan aku ora
ngerti akhir umurku lan umure kunu mbesok
, mulo wong iku luwih apik tinimbang aku''
-- Yen ketemu wong kafir
Munio (Ing jero atimu):
''aku ora ngerti kepriye kahanan ne mbesuk.
bisa dadi neng akhir umure dheweke mlebu
agama islam lan nindakke amal sholeh, lan
biso dadi neng akhir umur, awakku kufur
lan nggawe ala”.
(Syeikh Abdul Qadir Al Jailani)
ORA BAKAL ISO MLEBU SUARGO YEN NENG
ATINE ISIH DUWENI SIFAT SOMBONG
SENAJAN MUNG CILIK E SAK BLEDHUK.....
Wong apik iku ora di delok soko umungane
, nanging di delok soko tumindak e
Senin, 25 Mei 2015
Prosongko apik
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar