Huruf masjid
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
Tin...tin...iku tandane ono montor,langsung
minggir ora usah tolah toleh mundak
ketabrak, semunu ugo yen ono suoro
''Hayya 'alash sholah '', ora usah takok
seng adzan sopo,dang langsung mangkat
mergo areb di wenehi ganjaran seng
gedhe,adzan niku undangane pengeran
marang kawulane ''HEY WONG DUNYO RENEO
,AKU KEPINGIN RUH KABARMU ,WARASMU,YEN
GELEM RENE METUK I AKU MENGKO JALUKMU
OPO TAK WEI,RENEO SEDILUT WAE'' .
La maksudte undangan niku wau di kengken
sholat jamaah ten MASJID
=> Ngomong-ngomong soal mesjid ,HURUF
mesjid niku lek di tulis damel arab niku
wonten sekawan (ﻣﺴﺠﺪ ) Yakni ﻡ (MIM) , ﺱ
(SIN) , ﺝ (JIM), ﺩ (DZAL)
Niku umpami di dawak ke artine kurang
langkunge mekaten :
- ﻡ (MIM) = Niku maknane MAGHFIROH ,Sifate
seng moho kuoso ,arep ngekek i
pangapuro marang manungso seng urip ono
ing ngalam dunyo, ngrumangsanono kakean
duso, jaluk o pangapuro sedino ping limo
,sok yen mati manggon suargo....
Tangi sujud mesti muni ROBBIGHFIRLI
Nyuwun ngapuro marang gusti,seng tak tiru
kanjeng nabi,panutane poro santri , wiwit
urip tumekaning pati , panjenengan supoyo
ngerti , ben tambah manteb ono ing jero
ati,ojo gampang di pengaruhi , opo maneh
di ijolne supermi....
- ﺱ (SIN) : Maknane SAKINAH tentrem ing
manah ,wong ahli ibadah , sikile ngidak
sajadah , bathuk e tibo duwur lemah,
lambene teles muni alhamdulillah , senajan
uripe susah anggone golek nafkah , tapi
sok yen mati nang kuburan kan bungah
intuk jannah
- ﺝ (JIM) : Maknane JANNAH ,
.Ora ono wong munggah suargo tanpho
ibadah , Wong seng ibadah wae rung mesti
munggah suargo
.Ora ono wong mulyo tanpo rekoso , Wong
seng rekoso wae rung mesti mulyo...
.Ora ono wong pinter tanpho sekolah, Wong
seng sekolah wae rung mesti pinter...
.Ora ono wong sugih tanpo kerjo , Wong
seng kerjo wae rung mesti sugih.....
.Ora ono Kyai tanpo ngaji , Wong seng ngaji
wae rung mesti dadi kyai..
- ﺩ (DZAL) : Niku maknane Di unggahne
DERAJAT , Senajan melarat ,tapi moco
syahadat lan sholawat ,di woco naliko
attakhiat , nang kunu dalane ningkatno
munggah derajat
(Yen ono wong mlarat ora sholat,iku
jenenge mlarat lengkap)
Di pendet saking Mauidhoh Kh . Duri Ashari
Minggu, 24 Mei 2015
Huruf masjid
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar