Minggu, 24 Mei 2015

Pesene kanjeng nabi

Pesene Kanjeng Nabi
Bismillahirahmanirahim
Kanjeng nabi pesen ono wong 5 seng kudu
kito apik i
Wong 5 yaiku:
1. ULAMAK :
(Seng sopo ngremehno ulamak niku ngrusak
agomo)
Poro pemaos ingkang minulyo, ulama' niku
kedah kito mulyak aken, seng sopo wonge
mulyak no ulama' podho karo mulyak no
Allah lan kanjeng nabi,
Salah siji ne conto nabi dawuh : ''SHOLATO
AWAKMU KOYO WERUH AKU SHOLAT'' ,
Kulo panjenengan niku di kengken sholat
koyo sholate kanjeng nabi, lalek ngoten
tenan ora ono seng iso solat kejobo seng
weruh kanjeng nabi,kulo panjenengan niku
boten menangi,tapi kito niki ko bendino
solat derek sinten..? derek kanjeng nabi
kapan ketemu , derek al-qur'an jus pinten
seng bahas sholat dhuhur 4 rokaat,subuh 2
rokaat. La trus kito derek sinten...? njih
teteb derek kanjeng nabi tapi ono seng
ngeterno ilmu ,sopo rumpane yoiku ULAMA',
Ilmu iku kok umpomo banyu : Gusti Allah
niku sumberre ,kanjeng nabi iku kumpone
(sanyo),la ulama' niku paralone (pipo)
,paralon iku ketok e ora lapo-lapo glimbang
glimbung nang dalan tapi iku nyambut gawe
ngeterno banyu,la kulo panjenengan niku ko
ngremehno paralon siap-siap ora uman
banyu...
2. PEMERINTAH:
(Seng sopo ngremehno pemerintah ngrusak
dunyo)
Pemerintah apik yo di apik i,pemerintah elek
yo di paik i, la ko di apik i..? NJIH carane di
eilingno,tapi ojo wong akeh rame-rame
(grudhuk kan) iku arane isin-isin,yo cukup
wong siji loro seng sekirane pantes kon
ngelik no, di eiling no ko ora kenek di
dungakno,di kandakno nang ALLAH mangke
kersane di garab kaleh Gusti Allah.
Zaman biyen iku ono pemimpin seng dzolim
namine FIR'AUN, fIr'aun niku nemen
dzolime, tapi senajan koyo ngunu Nabi MUSA
as di pesen ngomong sak ngomong kon seng
alus nang fir'aun, sebab fir'aun niku
pemimpin la pemimpin niku pernah tuwo
rakyat niku pernah nom,di apak-apak no
bedho
3. TONGGO :
(Seng sopo ngremehno tonggo ngrusak
kemaslakhatane tonggo)
Tonggo apik di apik i,tonggo elek di apik
i,Soale tonggo iku pentinge ngungkuli
sanak,ono omah kobongan seng nulungi
disek tonggo,ono wong sakit seng ngerti
disek tonggo,ono wong mati yo seng ngrumat
disek tonggo.mulane ''PAGER MANGKOK IKU
LUWIH KUAT TINIMBANG PAGER TEMBOK'',
Opo artine pager mangkok...? yoiku ater-ater
,lek masak rodhok enak tanggane di terr-i.
Panjenengan kepingin terkenal APIK,
GAMPANG => Apik ono tonggo cedak
mu,mengko lak apik e jenengan umum teko
pundi-pundi, panjenengan pingin terkenal
ELEK , GAMPANG => elek ono tonggo
terdekatmu, mengko lek rotho elek e
jenengan,sebab seng paling tlaten etrek-etrek
elek e panjenengan niku dudu wong liyo tapi
tonggo.
4. FAMILY :
Seng sopo wonge ngremehne family ngrusak
kerukunan family
Silaturahmi nyambung sanak iku wajib, Gusti
Allah janji sopo wonge seng sambung sanak,
sambung karo Allah,pedhot sanak ,pedhot
karo Allah.
Ono wong ahli wirit,ahli poso,ahli ibadah
tapi ko karo dulure ora rukun,GUWAK
ibadahe,mergo kalih Allah putus
hubungane,mulane ojo sampek gak rukun
karo dulure,dulur niku kirimane gusti Allah
kulo panjenengan niku boten saget milih.
5. BOJO :
(Seng sopo ngremehno bojo ngrusak
ekonomi)
Bojo apik di apik i,bojo elek di apik i, bojo
wes apik ko di apik i,NJIH bojo apik iku
durung di apik i wae wes apik dah neo dang
di apik i maneh.
La bojo elek ko di apik i , NJIH bojo elek iku
durung di elek i wes elek dah neo tambah di
elek i ora nurokno wong , Wong lanang iku
iso AKAS,CERDAS iku tergantung wong
wadon,janji lek wong wadon iso nyenengno
atine wong lanang ,wong lanang iku iso Akas
cerdas lan liyo liane ,syukur-syukur wong
wadon iku BOSO kalih tiang jaler,,,sebab
wong lek boso iku ora iso PADU,,,,
conto : ''WONG LANANG DINO-DINO
KLUYURAN ORA TAU MULIH''
Cobi panjenengan basakne
''PIANTUN KAKUNG DINTEN-DINTEN KO
TINDAK AN MAWON MBOTEN NATE
KUNDUR'' Lho lak malih koyo ketoprak
wehehe...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar