Senin, 25 Mei 2015

NASEHAT KUBUR

bismillah...
Wong cilik urung karuan iso dadi gedhe
Wong bodho urung karuan iso dadi pinter
Wong pendek urung karuan iso dadi duwur
Wong mlarat urung karuan iso dadi sugeh
Wong kuru urung karuan iso dadi lemu
TAPI lek wong urip gelem gak gelem bakale
mati
Sawise pati manungsa bakal isih urip ing
sajroning alam kubur (barzakh) nganti Dina
Kabangkitan (Yawm al-Qiyāmah). Miturut
sare-ngat Islam, yen tingkahe saben
individu ing barzakh iku miturut tumindake
manungsa iku dhewe pas ono ing dunyane,
banjur dadi sawijining gambaran ing alam
baka.
Nasihat saking alam KUBUR :
1.Aku iki panggonan seng paling peteng ,
mulo padangono aku nganggo sholat
tahajud
2.Aku iki panggonan seng paling ciut , mulo
longgar no aku nganggo silaturahmi
3. Aku iki panggonan seng paling sepi ,
mulo ramek no aku nganggo ngekeh ake
moco Qur-an
4.Aku iki panggonane kewan seng njijik i ,
mulo racunen nganggo ngamal shodakoh
5.Aku iki panggonane pitakon malaikat
munkar lan nakir , mulo siap no jawabanmu
nganggo sak akeh-akehe moco ''LA ILA
HAILALLAH''
- Ono kubur akeh wong podho di sekso
Jerit-jerit sambate ngaru-oro
Sebab rikolo nang ndunyo kakean duso
Ajal wes teko ora gelem nindakno
tuntunane agomo
-Ono kubur akeh wong podho sambat
Ngrasake rekasaneng sekso ora kuat
Sebab rikolo nang dunyo seneng maksiat
Wes meh sekarat nanging ora gelem tobat
Monggo dulur mumpung kito tasih gesang
wonten ndunyo , di tingkatne anggonipun
nglampahi ibadah pados sangu /bekal
ingkang katah , lan mugi-mugi sisane umur
kulo lan panjenengan sedoyo dadoso umur
ingkang barokah amin....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar