Minggu, 24 Mei 2015

BAB SHOLAT

BAB SHOLAT
(coro carane lan baca'an sholat)
FASLUN FILWUDHU'I
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo , sak
derenge admin bahas bab sholat luwih
dingin admin ajenge bahas bab wudhu
rumiyen,Amergi Sopo wonge kang
arep sholat luwih disek wajib wudhu,
sebab wudhu iku dadi syarat syah e
sholat
Ono dene perkoro kang di lakoni
naliko wudhu YOIKU :
Sak durunge niat supoyo moco :
ﺍَﻋُﻮْﺩُﻭْﺑِﺎ ﻟﻠﻪِ ﻣِﻦَ ﺍ ﻟﺸَّﻴْﻄَﺎ ﻥِ ﺍﻟﺮَّﺟِﻴْﻢِ - ـﻠﺒِﺴْﻢِ
ﺍﻟﻠﻪِ ﺍﻟﺮِّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Audubillahiminassyaitonirrojim
....Bismillahirahmanirahim
Karo Basuh tangan loro
1. Kudu niat naliko kemu x
3( berkumur), tegese niate iku mau di
barengake karo kemune.
2. Masuh irung x3 , lan banyune kudu
di lebokne nang irung
3. Masuh rai x3 ,dene watese rai iku
mungguh wujure, wiwit gon tukule
rambut nganti pok e janggut, dene
alange wiwit pentile kuping tengen
nganti pentile kuping kiwo
4. Masuh tangan loro hinggo ngasi
sikute karo x3
5. Ngusap setengahe sirah x3 (bathuk
rambut pucuk)
6. Ngusap kuping loro x3
7. Masuh sikel loro hinggo ngasi
kemiren karo (pholok e) x3
8. Kudu wurut ,tegese ora keno
umpomo sakwuse masuh rai banjur
masuh sikel ,mengkunu sak
pinunggalane
Ikilah NIATE WUDHU :
ﻧَﻮَﻳْﺖُ ﺍْ ﻟﻮُﺿُﻮْﺀَ ﻟِﺮَﻓْﻊِ ﺍْ ﻟﺤَﺪَﺙِ ﺍْ ﻟَﺎ ﺻْﻐَﺮِﻓَﺮْﺿًﺎ ﻟِﻠِّﻪِ ﺗَﻌَﺎ
ﻟَﻰ
NAWAITUL WUDHU'A LIROF_IL
KHADZASIL ASGHORI FARDHOLILLAHI
TA'ALA
(Niat ingsun wudhu kerono
angilangaken hukume saking khadast
kang cilik fardhu kerono Allah ta'ala)
Sak wuse wudhu di sunahake moco
dungo
IKILAH DUNAGNE WUDHU:
ﺍَﺷْﻬَﺪُ ﺍَ ﻥْ ﻟَﺎ ﺍِ ﻟَﻪَ ﺍِ ﻟَّﺎ ﺍﻟﻠﻪُ
- ASHADU ALA ILAHA ILALLAH :
(Kulo nekseni boten wonten pengeran
kebojo Gusti Allah)
ﻭَﺣْﺪَﻩُ ﻟَﺎ ﺷَﺮِ ﻳْﻚَ ﻟَﻪُ
- WAHDAHULA SARI KALAH
(Kang suwiji tur ora ono kang
nyekutoni)
ﻭَﺍَﺷْﻬَﺪُ ﺍَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ
- WA ASHADU ANA MUHAMADAN
ABDUHU WAROSULUH
(Lan kulo nekseni saktemene kanjeng
nabi muhamad niku dados kawulane
lan utusane Allah)
ﺍَﻟﻠَّﻬُﻢَّ ﺍﺟْﻌَﻠْﻨِﻲْ ﻣِﻦَ ﺍﻟﺘَّﻮَّﺍ ﺑِﻴْﻦَ ،
- ALLAHUMAJ'ALNI MINATTAUWABIN
(Duh Allah mugi kulo panjenengan
dadosaken golonganipun tiang kang
ahli tobat)
ﻭَﺍ ﺟْﻌَﻠْﻨِﻲْ ﻣِﻦَ ﺍﻟْﻤُﺘَﻄَﻬِّﺮِﻳْﻦَ
- WAJ'ALNI MINAL MUTATOHIRIN
(Lan dados golonganipun tiang
ingkang ahli suci)
ﻭَﺍﺟْﻌَﻠْﻨِﻲْ ﻣِﻦْ ﻋِﺒَﺎ ﺩِﻙَ ﺍﻟﺼَّﺎ ﻟِﺤِﻴْﻦَ
- WAJ'ALNI MIN IBADIKAS_SOLIKHIN
(Lan dadosaken golonganipun
kawulane panjenengan ingakng
sholih-sholih)
ﺳُﺒْﺤَﺎ ﻧَﻚَ ﺍﻟﻠَّﻬُﻢَّ ﻭَﺑِﺤَﻤْﺪِﻙَ
- SUBHANAKA_ ALLAHUMA WA
BIHAMDIKA
(Moho suci panjenengan duh Allah,
lan kalian muji panjenengan)
ﺍَﺷْﻬَﺪُﺍَ ﻥْ ﻟَﺎ ﺍِ ﻟَﻪَ ﺍِ ﻟَّﺎ ﺍَ ﻧْﺖَ
- ASHADU ALAILAHA ILLA ANTA
(Kulo nekseni boten wonten pengeran
kejawi panjenengan)
ﺍَ ﺳْﺘَﻐْﻔِﺮُﻙَ ﻭَﺍَ ﺗُﻮْﺏُ ﺍِ ﻟَﻴْﻚَ
- ASTAGHFIRUKA WA ATUBU ILAI'
(Kulo nyuwun pangapunten dateng
panjenengan, lan kulo tobat dateng
panjenengan)
Sakwuse moco doa' iki ugo di sunah
ake moco surat ''INNA ANZALNAHU''
Sak akhire x3 ,nanging ora nganggo
dangak lan madep kiblat lan
ngangkat tangan.
Perkoro kang batalake wudhu
iku ono papat
1. Perkoro kang metu soko kubul
utowo dubur, rupho opo wae kejobho
mani, yen mani ora batalake wudhu
nanging wajibpake adus.
2. Ilange akal sebab turu,Edan, Ayan
,Mendem lan liyo liane
Dene turu kang ora batalake wudhu
iku turu netepake bokonge seng
sekirane ora biso metu angin lan sak
pinunggalane
3. Kedhemek kulite wong lanang karo
wong wadon, nanging syarate yen
podho gedhe karone, lan wong liyo
ora sanak, tegese kedemek karo
wong kang halal di nikah tur ora
nganggo aling-aling
4. Kedhemek kubul utowo dhubure
anak adam,lanang utowo wadon,olehe
demek kanti batine epek-epek utowo
batine derijine ,senajan dubur utowo
kubule dewe, dene kang di arani
batine epek-epek lan batine deriji iku
naliko tangan loro di tangkepake
,endi kang ora katon di arani batin
,endi kang katon di arani dhohir....
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo ,
sakderenge ngelanjutaken bahas bab
sholat , sekedik kulo bade nyuplik
dawuhe kanjeng nabi , kirang
langkungipun mekaten :
ﺍﻟﺒِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
ﻗَﺎ ﻝَ ﺭَﺳُﻮﻝُ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺻَﻞَ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠَﻢَ
ﻟَﻮْﺍَ ﻥَّ ﻧَﻬَﺮًﺍ ﺑِﺒَﺎ ﺏِ ﺍَﺣَﺪِﻛُﻢْ ﻳَﻐْﺘَﺴِﻞُ ﻡَﻧْﻪُ ﻛُﻞَّ
ﻳَﻮْﻡٍ ﺧَﻤْﺲَ ﻣَﺮَّﺍﺕٍ ، ﻫَﻞْ ﻳَﺒْﻘَﻰ ﻣِﻦْ ﺩَﺭَ ﻧِﻪِ
ﺷَﻴْﻰﺀٌ ؟
ﻗَﺎ ﻟُﻮْﺍﻟَﺎ ﻳَﺒْﻘَﻰ ﻣِﻦْ ﺩَﺭَﻧِﻪِ ﺷَﻴْﻰﺀٌ . ﻗَﺎﻝَ
ﻓَﺬَﻟِﻚَ ﻣِﺸْﻞُ ﺍﻟﺼَﻠَﻮَﺍﺕِ ﺍْﻟﺨَﻤْﺲِ ﻳَﻤْﺤُﻮْﺍﻟﻠَّﻪُ
ﺑِﻬِﻦَّ ﺍْﻟﺤَﻄَﺎ ﻳَﺎ . ﺍَﻟْﺤَﺪِﻳْﺚَ
Artine dawuhe kanjeng Nabi MUHAMAD
: Lamun ing ngarepe lawangmu kabeh
ono bengawane , kang saben-saben
dino kowe kabeh podho adus ing
bengawan mau ping limo , opo toh
iseh ono kotoran kang keri ono ing
badanmu kabeh ..?
Shohabat podho jawab : Bonten
enten ingkang kentun ya rosulallah ...!
Banjur Kanjeng Nabi MUHAMAD
ngendiko : Kang koyo mengkunu iku
podho karo sholat limang wektu ,
tegese sopo kang ngelakoni sholat
limang wektu, Allah bakal ngelebur
kabeh keluputane.
ﻗَﺎ ﻝَ ﺭَﺳُﻮﻝُ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺻَﻞَ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠَﻢَ , ﺻَﻠَﺎ ﺓُ
ﺍْﻟﺠَﻤَﺎ ﻋَﺔِ ﺍَﻓْﻀَﻞُ ﻣِﻦْ ﺻَﻠَﺎ ﺓِﺍْﻟﻔَﺮْﺩِ ﺑِﺴَﺒْﻊٍ ﻭَﻋِﺸْﺮِﻳْﻦَ
ﺩَﺭَﺟَﺔً
''Sholat jamaah iku luwih utomo
ketimbang sholat ijen , kacek kelawan
pitulikur derajat.
=> Miturut hadist loro kang ono ing
duwur mahu , terang banget mungguh
agunge ganjarane wong kang
sembahyang , luwih-luwih kanti
berjamaah, Mulo tumerap wong kang
ora nglakoni sembahyang terang oleh
karugen kang gedhe banget ,mulo
poro muslimin lan muslimat, supoyo
podho neliti marang putro-putrone
lanang utowo wadon , ngelatih, den
titi, den udi ingkang supoyo ojo dadi
wong kang karugen.
Luwih-luwih berjamaah supoyo ono
ing masjid utowo langgar, ingkang
supoyo masjid lan langgare biso
rame , awet miturut dawuhe Allah
ta'ala :
ﺍِﻧَّﻤَﺎ ﻳَﻌْﻤُﺮُﻣَﺴَﺎ ﺟِﺪَﺍﻟﻠَّﻪِ ﻣَﻦْ ﺍَﻣَﻨَﺎ ﺑِﺎﺍﻟﻠَّﻪِ
ﻭَﺍْﻟﻴَﻮْﻡِ ﺍْﻟَﺎ ﺧِﺮِ . ﺍَﻟَّﺎ ﻳَﺔَ
''SAK TEMENE KANG NGERAMEK AKE
MASJID TE ALLAH ,IKU WONG KANG
PERCOYO KARO ALLAH LAN DINO KANG
AKHIR (dino kiamat)''
Poro pemaos ingkang minulyo ,wong
kang arep ngelakoni sholat iku luwih
disek kudu ngerti syarat rukune
sholat, ing dalem supoyo ojo nagnti
ngawur ulehe sembahyang.
Dene wong kang kewajiban ngelakoni
sholat iku:
1. Islam , wong kafir ora wajib sholat
2. Baligh, bucah cilik yen wes umur
7thun diperintah ngelakoni sholat,
yen wes umur 10thun supoyo di ajar
lamun ninggal sholat,
3. Aqil, wong edan,ayan ,mendem ora
wajib sholat
4. Tohir , suci soko heid't lan nifas
=> Syarat-syarate sholat iku
ono enem (6)
1.Kudu suci soko hadast cilik lan
hadast gedhe
2. Kudu suci badan,sandangan lan
panggonan ne soko najis
3. Kudu nutupi aurat (Aurate wong
lanang antarane puser lan dengkul ,
Aurate wong wadon sekabehane
badan kejobo rai lan epek-epek)
4. Kudu manjing wektune
5. Kudu madep kiblat (ka'bah)
6. Kudu ngaweruhi syarat rukune
sholat
======================================
Syarat rukune sholat iku ono 13
YOIKU:
1. Kudu niat
2. Kudu ngdek ono ing sholat ferdhu
,tumerap wong kang kuoso (mampu),
Lamun seng ora kuoso ngadek
supoyo lungguh, ora kuoso lungguh
supoyo turu mireng,ora kuoso turu
mireng yo melumah, ora kuoso turu
melumah nganggo isaroh,ora kuoso
isaroh supoyo ono ing ati.
3. Moco takbiratul ikhram
4. Moco syurat Al fatikah
5. Ruku' kanti tumakninah
6. I'tidal kanti tumakninah
7. Sujud ambal ping pindho kanti
tumakninah
8. Lungguh antarane sujud loro kanti
Tumakninah
9. Lungguh takhiat akhir
10. Moco takhiat akhir
11. Moco sholawat sak wuse moco
takhiat akhir
12. Moco salam kang awal
13. Kudu tertib (urut)
(Niate sholat)
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo , Naliko
kito arep sholat luwih becik moco ho ﻗُﻞْ
ﺍَﻋُﻮْﺫُﺑِﺮَﺏِّ ﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ (surat an-nas) sak akhire
ambal sepisan, Perlune supoyo atine di
jogo denign Allah soko pangridune syetan,
Surat mau diwoco sak durunge niat,banjur
sak wuse rampung surat mau nuli moco
ﺍَﻋُﻮْﺩُﻭْﺑِﺎ ﻟﻠﻪِ ﻣِﻦَ ﺍ ﻟﺸَّﻴْﻄَﺎ ﻥِ ﺍﻟﺮَّﺟِﻴْﻢِ - ـﻠﺒِﺴْﻢِ
ﺍﻟﻠﻪِ ﺍﻟﺮِّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Nuli banjur niat niat sholat koyo kang
kasebut ing ngisar iki:
NIATE SHOLAT DUHUR :
ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ﻓَﺮْ ﺽَ ﺍﻟﻀُّﻬْﺮِ ﺍَﺭْﺑَﻊَ ﺭَﻛَﻌَﺎ ﺕٍ
ﻣُﺴْﺘَﻘْﺒِﻞَ ﺍْﻟﻘِﺒْﻠَﺔِ ﺍَﺩَﺍ ﺀً ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ﻟﻠﻪِ ﺗَﻌَﺎ ﻟَﻰ
Usholli fardo duhri arba'a roka'atin
mustaqbilal qiblati azda an ma'muman
Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardhu dhuhur
patang roka'at,kalih madep qiblat tur
nekani ing wektune kalih makmum
kerono Allah ta'ala)
NIATE SHOLAT ASAR :
ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ﻓَﺮْﺽَ ﺍْﻟﻌَﺼْﺮِ ﺍَﺭْﺑَﻊَ ﺭَﻛَﻌَﺎﺕٍ ﻣُﺴْﺘَﻘْﺒِﻞَ
ﺍْﻟﻘِﺒْﻠَﺔِ ﺍَﺩَﺍ ﺀً ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ﻟﻠﻪِ ﺗَﻌَﺎ ﻟَﻰ
Usholli fardhol asri arba'a roka'atin
mustaqbilal qiblati azda ama'muman
Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu asar patang
roka'at kalih madep qiblat tur nekani
ing wektune kalih makmum kerono
Allah ta'ala)
NIATTE SHOLAT MAGRIB :
ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ﻓَﺮْﺽَ ﺍْﻟﻤَﻐْﺮِﺏِ ﺛَﻠَﺎ ﺙَ ﺭَﻛَﻌَﺎﺕٍ
ﻣُﺴْﺘَﻘْﺒِﻞَ ﺍْﻟﻘِﺒْﻠَﺔِ ﺍَﺩَﺍ ﺀً ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ﻟﻠﻪِ ﺗَﻌَﺎ ﻟَﻰ
Usholli fardhol maghribi tsalasa
roka'atin mustaqbilal qiblati azda
ama'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu magrib telung
roka'at kalih madep qiblat tur nekani
ing wektune kalih makmum kerono
Allah ta'ala)
NIATE SHOLAT ISYA' :
ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ﻓَﺮْﺽَ ﺍْﻟﻌِﺸَﺎ ﺀِ ﺍَﺭْﺑَﻊَ ﺭَﻛَﻌَﺎﺕٍ ﻣُﺴْﺘَﻘْﺒِﻞَ
ﺍْﻟﻘِﺒْﻠَﺔِ ﺍَﺩَﺍ ﺀً ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ﻟﻠﻪِ ﺗَﻌَﺎ ﻟَﻰ
Usholli fardhol isya'i arba'a roka'atin
mustaqbilal qiblati azda ama'muman
Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu isya' patang
roka'at kalih madep qiblat tur nekani
ing wektune kalih makmum kerono
Allah ta'ala)
NIATE SHOLAT SUBUH :
ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ﻓَﺮْﺽَ ﺍْﻟﺼُﺒْﺢِ ﺭَﻛْﻌَﺘَﻴْﻦِ ﻣُﺴْﺘَﻘْﺒِﻞَ ﺍْﻟﻘِﺒْﻠَﺔِ
ﺍَﺩَﺍ ﺀً ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ﻟﻠﻪِ ﺗَﻌَﺎ ﻟَﻰ
Usholli fardhol subhi ra'ataini
mustaqbilal qiblati azda ama'muman
Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu subuh rong
rokaat kalih madep qiblat tur nekani
ing wektune kalih makmum kerono
Allah ta'ala)
- Lamun dadi imam
Lafat MAKMUMANl ( ﻣَﺎﺀْ ﻣُﻮْﻣًﺎ ) Iku kudu di
ganti lafat ( ﺍِﻣَﺎ ﻣًﺎ ) IMAMAN (kaleh dadi
iman)
Rampung olehe niat nuli takbiratul
ikhram.
NB: Seng damel USHOLLI( ﺍُ ﺻَﻠِّﻰْ ) monggo
,seng boten damel njih boten nopo-
nopo,,,''AMPUN'' di gawe GEGER...pun
boten zamane , seng penting teteb rukun
.....
(CARANE TAKBIRATHUL IKH'ROM)
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo , Dene
carane takbirathul ikhram meniko
ngangkat tangan loro nganti sak
duwure pundak kelawan epek-epek e
di bukak, Banjur tangane di selehake
ono sak duwure weteng, sak ngisore
dodo, tangan tengen nyekel ugel-
ugele tangan kiwo kelawan moco (ﺍَﻟﻠﻪُ
ﺍَﻛْﺒَﺮْ) ALLAHU AKBAR ,Terus di sambung
kelawan do'a ISTIFTAH :
Ikilah wacane :
ﺍَﻟﻠﻪُ ﺍَﻛْﺒَﺮْ ﻛَﺒِﻴْﺮَﺍ ﻭَﺍْﻟﺤَﻤْﺪُ ﻟِﻠَﻪِ ﻛَﺸِﻴْﺮًﺍ
ﻭَﺳُﺒْﺤَﺎ ﻥَ ﺍﻟﻠﻪِ ﺑُﻜْﺮَﺓً ﻭَﺍَ ﺻِﻴْﻠًﺎ
ALLAHU AKBAR , KABIRAUWAL
KHAMDULILLAHI KASIRO ,WA
SUBHANALLAH HIBUK ROTAUW WA
ASILA
(''Allah dzat kang moho agung, lan
sekabehane puji kagungane Allah
,kelawan sekehe puji moho suceake
Allah ,ono ing isuk lan sore'')
ﺍِﻧِّﻲْ ﻭَﺟَّﻬْﺖُ ﻭَﺟْﻬِﻲَ ﻟِﻠَّﺬِ ﻱْ
ﻓَﻄَﺮَﺍﻟﺴَّﻤَﻮَﺍﺕِ ﻭَﺍْﻟَﺎﺭْﺽَ ﺣَﻨِﻔًﺎ ﻣُﺴْﻠِﻤًﺎ
ﻭَﻣَﺎ ﺍَ ﻧَﺎ ﻣِﻦَ ﺍْﻟﻤُﺸْﺮِﻛِﻴْﻦَ
INNI WAJJAHTU WAJHIYA LILLADZI
FATOROS SAMAWATI WAL ARDHO
,HANIFAM MUSLIMAN WAMA ANAMINAL
MUSRIKIN
(''Sak yektosipun kulo meniko
ngadepaken badan kulo dateng dzat
kang damel langit lan bumi kanti
condong lang pasrah ,lan kulo
meniko sanes golonganipun tiang-
tiang musrik'')
ﺍِﻥَّ ﺻَﻠَﺎ ﺗِﻲْ ، ﻭَ ﻧُﺴُﻜِﻲْ ، ﻭَﻣَﺤْﻴَﺎﻱَ ،
ﻭَﻣَﻤَﺎ ﺗِﻲْ
INNA SHOLATI , WANUSHUKI,WAMAHYA
YA, WAMAMA TI
(''Sak temene sholat kulo, Lan
Ibadah kulo, Lan Gesang kulo, Lan
pejah kulo'') ,
Iku ﻟِﻠَّﻪِ LILLAHI (''Kagunganipun
Allah'')
ﺭَﺑِّﺎْﻟﻌَﺎ ﻟَﻤِﻴْﻦَ
ROBBIL ALAMINA (''Kang mengerani
sedoyo ngalam kabeh'')
ﻟَﺎ ﺷَﺮِﻳْﻚَ ﻟَﻪُ ﻭَﺑِﺬَﺍﻟِﻚَ ﺍُﻣِﺮْﺕُ ﻭَﺍَﻧَﺎ ﻣِﻦَ
ﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ
LASARIKALAHU WABIDZALIKA UMIRTU
WA ANA MINAL MUSLIMIN
(''Boten wonten tiang ingkang
nyekutoni Allah, Lan kulo meniko
golonganipun tiang Islam'')
Banjur moco al fatikah lan surat sak
kuasane
Poro pemaos ingkang minulyo,
nikilah bacaane surat AL-
FATIKAH
ﺍَﻋُﻮْﺫُﺑِﺎ ﻟﻠَّﻪِ ﻣِﻦَ ﺍﻟﺸَّﻴْﻄَﺎ ﻥِ ﺍﻟﺮَﺟِﻴْﻢِ
ﻟﺒِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
A'U DHUBILLAHIMINASSYAITONIROJIM ,
BISMILLAHIRAHMANIRAHIM
(''Aku nyuwun rekso kaleh Allah
soko pangridune syetan kang di
laknati , Kelawan nyebut Asmane
Allah dzat kang welas asih'')
ﺍَﻟﺤَﻤْﺪُ ﻟِﻠَّﻪِ ﺭَﺏِّ ﺍْﻟﻌَﺎ ﻟَﻤِﻴْﻦَ
ALHAMDU LILLAHIRABBIL ALAMIN
(''Sekabehane puji kagungane
Allah'')
ﺍَﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
ARRAHMANIRAHIM
(''Allah dzat kang welas asih'')
ﻣَﺎ ﻟِﻚِ ﻳَﻮْﻡِ ﺍﻟﺪِّﻳْﻦِ
MALIKI YAUMIDDIN
(''Allah dzat kang ngeratoni dino
kiamat'')
ﺍِﻳَّﺎ ﻙَ ﻧَﻌْﺒُﺪُ ﻭَﺍِ ﻳَّﺎ ﻙَ ﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻦُ
IYAKANA'BUDUU WA IYA KANASTAIN
(''Dateng panjenengan kulo nyembah
, lan dateng panjenengan kulo
nyuwun pitulungan'')
ﺍِﻫْﺪِﻧَﺎ ﺍﻟﺼِّﺮَﺍ ﻁَ ﺍْﻟﻤُﺴْﺘَﻘِﻴْﻢَ
IHDINASSIRATAL MUSTAQIM
(''Mugi paring pitedah dateng kulo
wonten ing margi ingkang jejeg'')
ﺻِﺮَﺍ ﻁَ ﺍﻟَّﺬِﻳْﻦَ ﺍَﻧْﻌَﻤْﺖَ ﻋَﻠَﻴْﻬِﻢْ
SIRATALLADZINA AN'AMTA ALAIHIM
(''Inggih meniko marginipun tiang
ingkang panjenengan paringi
nikmat'')
ﻏَﻴْﺮِﺍْﻟﻤَﻐْﻀُﻮْﺏِ ﻋَﻠَﻴْﻬِﻢْ ﻭَﻟَﺎ ﺍﻟﻀَﺎ ﻟِّﻴْﻦَ
ﺍَﻣِﻴْﻦَ
GHOIRIL MAGHDUUBI ALAIHIM
WALADHOOOLLIIN AMIIN
(''Sanes marginipun tiang ingkang
pinaringan bendhu lan sami
kesasar'') amiin....
SAK DURUNGE MOCO AMIN
SUPOYO MOCO
ﺭَﺏِّ ﺍﻏْﻔِﺮْﻟِﻲْ ﻭَﻟِﻮَﺍﻟِﺪَ ﻱَّ ﻭَﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ ﺍَﻣِﻴْﻦَ
ROBBIGHFIRLI WALIWAA LIDAIYA
WALMUSLIMINA AMIIIN,,,,
(''Duh Allah...! mugi paring
pangapunten dateng kulo , tiang
sepah kalih kulo , lan sedoyo
tiang islam'')
=> Seng dadi imam , sakwuse moco
fatehah supoyo mandek kiro-kiro
sak wacan fatehah, perlune makmum
biso ngerungok ake mocone surat
NB: Sopo kang moco amin bareng karo
amine malaikat, moko kabeh dusane di
ngapuro deneng Allah , dene amine
malaikat iku bareng karo amine imam.
Mulo seng dadi imam supoyo
banterake swarane naliko moco AMIIN
, Perlune makmum biso bareng moco
AMIIN , (iki supoyo di esto ake
temenan)
Banjur maos surat sak kuasane,,,
ﺍﻟﺒِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣَﻴْﻢِ
BISMILLAHIRAHMANIRAHIM
''Kelawan nyebut asmane Allah dzat
kang welas asih''
ﻗُﻞْ ﺍَﻋُﻮْﺫُﺑِﺮَﺏِّ ﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ
QUL A'UUDZU BIRABBIN NAAS
''Dawuhono muhamad ! Aku nyuwun
rekso karo pengerane menungso''
ﻣَﻠِﻚِ ﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ
MALIKIN NAAS
''Yoiku kang ngeratoni menungso''
ﺍِﻟَﻪِ ﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ
ILAAHIN NAAS
''Lan kang dadi sembahane menungso''
ﻣِﻦْ ﺷَﺮِّﺍْﻟﻮَ ﺳْﻮَﺍﺱِ ﺍﻟﺨَﻨَّﺎ ﺱِ
MINSARRIL WASWAA SIL KHONNAAS
''Aku nyuwun rekso soko pangridune
syetan kang gudho''
ﺍَﻟَّﺬِﻱْ ﻳُﻮَﺳْﻮِﺱُ ﻓِﻲْ ﺻُﺪُﻭْﺭِﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ
ALLADZII YUWASWISUFII SHUDUURIN
NAAS
''Yo iku kang gudho atine manungso''
ﻣِﻦَ ﺍْﺍﺟِﻨَّﺔِ ﻭَﺍﻟﻨَّﺎ ﺱِ
MINAL JINNATI WANNAAS
''Setan mau soko jin lan menungso''
=====>>>> NULI BANJUR RUKU'
CARANE RUKU' .
Sa'wuse rampung moco surat,
banjur tangan loro di angkat
sak duwure pundak kanti moco :
ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻛْﺒَﺮْ ALLAHU AKBAR
Banjur
merkungkung *mbungkuk* Tangane
karo nyekel dengkul, tur dengkule
kudu di jejek ake, antarane sirah
karo geger supoyo rotho, dadi ojo
nganti sirahe iku dingkluk yen wus
sampurno nuli moco :
ﺳُﺒْﺤَﺎ ﻥَ ﺭَﺑِّﻲَ ﺍْﻟﻌَﻈِﻴْﻢِ ﻭَﺑِﺤَﻤْﺪِﻩِ x٣
SUBHANA ROBBIYAL ADZIMII
WABIHAMDIHI
''Moho suci pangeranku dzat kang
agung ,lan muji ing Allah''
NULI I'TIDAL (tangi soko ruku')
CARANE I'TIDAL : tangane karo di
angkat sak duwure pundak ,banjur di
lepasake mengisor ,ojo nganti
tangane di obah-obahake , lan olehe
ngadek supoyo seng jejeg kanti
moco :
ﺳَﻤِﻊَ ﺍﻟﻠَّﻪُ ﻟِﻤَﻦْ ﺣَﻤِﺪَ ﻩُ
SAMI ALLAHULIMAN HAMIDAH
''Allah midanget marang sekabehane
wong kang muji''
ﺭَﺑَّﻨَﺎ ﻟَﻚَ ﺍْﻟﺤَﻤْﺪُﻣِﻞْﺀُ ﺍﻟﺴَّﻤَﻮَﺍ ﺕِ
ﻭَﻣِﻞْﺀُﺍْﻟَﺎ ﺭْﺽِ ﻭَﻣِﻞْﺀُ ﻣَﺎﺛِﺌْﺖَ ﻣِﻦْ ﺛَﻴْﺊٍ
ﺑَﻌْﺪُ .
ROBBANA LAKALHAMDU ,MIL
USSAMAWATI WAMIL UL ARDHI WAMIL
UMASIKTA MINSYAI'IN BAKDUU
''Duh Allah ! puji sak kebak ipun langit
lan bumi lan sak kebak ipun barang
kang panjenengan kersa'aken sak
sampunipun meniko, sedoyo mau
namung kagungan panjenengan''
NULI SUJUD ==>
CARANE SUJUD :
Naliko mudun tanagne ora perlu di
angkat menduwur , luwih disek
dengkul di selehake ing bumi , banjur
tangan loro di selehake ono ing bumi
penere pundak , bathuk lan irung di
tetebpake ono ing bumi, ojo nganti
bathuk e mau ono rambutte kang
mengarep , luwih-luwih wong wadon
ojo nganti rambute iku katon , lamun
nganggo kopyah ojo nganti nutupi
bathuk e naliko sujud , opo dene
lamun di tutupi sapu tangan, sebab
iku biso dadek ake ora syah sholate .
Lan maneh sikile supoyo di atur koyo
wong jinjit ,bokonge di angkat , sikute
ojo nganti di pepetake weteng ,luwih
becik tumerap wong lanang ,sikute di
benggang-ngake . mangkunu mau
lamun ora ngaling-ngalingi kancane
seng jejer sembahyang , dene tumerap
wong wadon iku malah ora apik lamun
di benggang_ngake sikute .
NALIKO SUJUD MOCO O ﺍَﻟﻠَّﻪُ
ﺍَﻛْﺒَﺮْ ( ALLAHU AKBAR)
Banjur moco :
ﺳُﺒْﺤَﺎ ﻥَ ﺭَﺑِّﻲَ ﺍْﻟَﺎ ﻋْﻠَﻰ ﻭَﺑِﺤَﻤْﺪِﻩِ x٣
SUBHANA ROBBIYAL A'LA
WABIHAMDIH
(''Moho suci pengeranku dzat
kang luhur lan muji ing Allah' ')
Nuli lungguh antarane sujud loro
CARANE LUNGGUH ANTARANE SUJUD
LORO :
Yen wus rampung olehe moco mau ,
banjur tangi soko sujud kanti MOCO
; ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻛْﺒَﺮْ ALLAHU AKBAR
Luwih disek bathuk e di angkat
,banjur tangane loro di selehake ono
ing duwure pupu kanti mekar epek-
epek e lan derijine kabeh , pucuk e
deriji supoyo madani karo pucuk e
dengkul ,sikile seng kiwo di lungguh i
, delamak ane seng tengen ngadhek
koyo wong jinjit (delamak ane
ngadhek , derijine di tekuk)
NULI MOCO IKI :
ﺭَﺏِّ ﺍﻏْﻔِﺮْﻟِﻲْ ﻭَﺍ ﺭْﺣَﻤْﻨِﻲْ
ROBBIGHFIRLI WARHAMNII
(''Duh pengeran kulo , mugi paring
pangapunten dateng kulo , Lan
paring welas dateng kulo'')
ﻭَﺍ ﺟْﺒُﺮْﻧِﻲْ ﻭَﺍﺭْﻓَﻌْﻨِﻲْ
WAJ'BURNI WARFA'NII
(''Lan mugi nambeli sedoyo
kekurangan kulo , Lan mugi ngangkat
derajat kulo'')
ﻭَﺍﺭْﺯُﻗْﻨِﻲْ ﻭَﺍﻫْﺪِ ﻧِﻲْ
WARZUQNI WAHDINI
(''Lan mugi paring rizki dateng kulo ,
lan mugi paring pitedah'')
ﻭَﻋَﺎ ﻓِﻨِﻲْ ﻭَﺍﻋْﻒُ ﻋَﻨِّﻲْ .
WAAFINI WA'FUANNI
(''Paring kesarasan , lan paring
pangapunten dateng kulo'')
NULI SUJUD MANEH
CARANE SUJUD KAPINDO :
Carane sujud kapindo iku podho karo
seng wes katerangaken ing kolowingi
posting sak derenge , ugo wacane
iyo podho wae YOIKU MOCO :
ﺳُﺒْﺤَﺎ ﻥَ ﺭَﺑِّﻲَ ﺍْﻟَﺎ ﻋْﻠَﻰ ﻭَﺑِﺤَﻤْﺪِﻩِ
SUBHANA ROBBIYAL A'LA WABIHAMDIH
(''Moho suci pengeranku dzat kang
luhur lan muji ing Allah'' )
Yen wus rampung sujud kapindo iki di
arani oleh sak roka'at , mulo yen
areb sholat patang roka'at kudu
ngadhek maneh ,ngelakoni koyo mahu
(yoiku moco fatehah sak teruse)
=> CARANE NGADHEK MANEH IKU
MENGKENE
Bathuk e di angkat disek ,banjur
tangane di angkat di selehake ono
ing pupu , sikile jinjit ,nuli tangan
kiwo teteb ono ing pupu, tangan
tengen nyekel bumi ,terus ngadhek
kanti MOCO : ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻛْﺒَﺮْ ALLAHU
AKBAR (''Allah dzat kang moho
agung'').
Yen wus oleh rong roka'at supoyo
tahiyat awal disek , nuli nuthuk ake
patang roka'at.
CARNAE TAHIYAT AWAL :
=> Lungguhe tahiyat awal koyo
lungguhe antarane sujud loro mahu, ,
mung wahe di tambah sitik , Yoiku
naliko wes MOCO :
ﺍَﺷْﻬَﺪُﺍَﻥْ ﻟَﺎ ﺍِﻟَﻪَ ﺍِﻟَّﺎ ﺍﻟﻠَّﻪُ ،
ASHADHU ANLA ILAHA ILLALLAH
iku derijine di tudingake mengareb ,
yoiku deriji penuduh kang tengen , dene
liane deriji koyo wong gegem , deriji
kiwo ora owah opo-opo ,
=> Dene lamun tahiyat akhir iku
lungguhe koyo mengkene ,Tangane lan
derijine podho karo naliko tahiyat awal
mahu ,seng bedo yoiku SIKILE KIWO di
lebok ake me-nengen , telapak ane ono
ing ngisore gares sikel tengen , koyo
naliko lungguh antarane sujud loro
mahu , yen wes rampung nuli moco
wacane tahiyat :
Dene baca'ane tahiyat yoiku koyo
mengkene :
ﺍَﻟﺘْﺤِﻴَّﺎ ﺕُ ﺍْﻟﻤُﺒَﺎ ﺭَﻛَﺎ ﺕُ ﺍﻟﺼَّﻠَﻮَﺍ ﺕُ ﺍﻟﻄَّﻴِّﺒَﺎ ﺕُ ﻟﻠَّﻪِ
،
ATTAHIYATUL MUBAROKATUS
SHOLAWATUT TAYYIBATULILLAH
('' Rerubo , sholawat , barokah ,
sedoyo kesaenan meniko
kagunganipun ALLAH '')
ﺍَﻟﺴَّﻠَﺎ ﻡُ ﻋَﻠَﻴْﻚَ ﺍَﻳُّﻬَﺎ ﺍﻟﻨَّﺒِﻲُّ ﻭَﺭَﺣْﻤَﺔُ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﻭَﺑَﺮَﻛَﺎ ﺗُﻪُ
ASSALAMU ALAIKA AYYUHANNABIYYU
WAROHMATULLAHI WABAROKATUH
('' Keselametan ,rahmat lan
barokahipun Allah mugi teteb dateng
panjenengan duh nabi Allah'')
ﺍَﻟﺴَّﻠَﺎ ﻡُ ﻋَﻠَﻴْﻨَﺎ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﻋِﺒَﺎ ﺩِﺍﻟﻠَّﻪِ ﺍﻟﺼَّﺎ ﻟِﺤِﻴْﻦَ
ASSALAMU ALAINA WA ALA
IBADIILLAHIS SHOLIKHIN
(''Keselaetanipun mugi teteb dateng
kito lan dateng kawulanipun Allah
ingkang sholih-sholih'' )
ﺍَﺷْﻬَﺪُ ﺍَﻥْ ﻟَﺎ ﺍِﻟَﻪَ ﺍِﻟَّﺎ ﺍﻟﻠَّﻪُ
ASHADHU ANLA ILAHA ILLALLAH
(''Kulo nekseni bilih boten wonten
pengeran , kejawi Allah'')
ﻭَﺍَﺷْﻬَﺪُ ﺍَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﺭَﺳُﻮْﻝُ ﺍﻟﻠَّﻪِ
WA ASHADHU ANNA MUHAMMADAN
ROSULULLAH
(''Lan kulo nekseni bilih nabi muhamad
meniko utusanipun Allah'')
ﺍَﻟﻠَّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ
ALLAHUMA SHOLLI ALA SAYYIDINA
MUHAMAD
(''Duh Allah ..! mugi paring rahmat
dateng nabi kito muhamad'')
BACA'AN TAHIYAT AKHIR :
ﺍَﻟﻠَّﻬُﻪَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺍَﻝِ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ
ALLAHUMA SHOLLI ALA SAYYIDINA
MUHAMAD WA ALA ALI SAYYIDINA
MUHAMAD
(''Duh Allah mugi paring rahmat
dateng nabi kito Muhamad lan
kawulo wergonipun'')
ﻛَﻤَﺎ ﺻَﻠَّﻴْﺖَ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﺍِﺑْﺮَﺍﻫِﻴْﻢَ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺍَﻝِ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﺍِﺑْﺮَﺍﻫِﻴْﻢَ
KAMA SHOLLAITA ALA SAYYIDINA
IBROHIIM WA ALA SAYYIDINA
IBROHIIM
(''Kados anggen panjenengan paring
rahmat dateng nabi ibrohim lan
kawulo wergonipun'')
ﻭَﺑَﺎ ﺭِﻙْ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺍَﻝِ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ
WABAARIK ALA SAYYIDINA
MUHAMAD WA ALA ALI SAYYIDINA
MUHAMAD
(''Lan mugi paring barokah dateng
nabi kito Muhamad lan kawulo
wergonipun'')
ﻛَﻤَﺎ ﺑَﺎﺭَﻛْﺖَ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﺍِﺑْﺮَﺍﻫِﻴْﻢَ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺍَﻝِ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﺍِﺑْﺮَﺍﻫِﻴْﻢَ
KAMA BAROKTA ALA SAYYIDINA
IBROHIIM WA ALA SAYYIDINA
IBROHIIM
(''Kados anggen panjenengan paring
barokah dateng nabi ibrohim lan
kawulo wergonipun'')
ﻓِﻰ ﺍْﻟﻌَﺎ ﻟَﻤِﻴْﻦَ ﺍِﻧَّﻚَ ﺣَﻤِﻴْﺪٌ ﻣَّﺠِﻴْﺪٌ
FIL ALAMINA INNAKA
HAMIDUMMAJID
(''Sak yektosipun panjenengan
meniko dzat kang pinuji , tur dzat
kang menang wonten ing ngalam
sedoyo'')
Banjur salan noleh nengen nuli noleh
mengiwo kelawan moco :
ﺍَﻟﺴَّﻠَﺎ ﻡُ ﻋَﻠَﻴْﻜُﻢْ ﻭَﺭَﺣْﻤَﺔُﺍﻟﻠﻪِ
ASSALAMU'ALAIKUM
WAROHMATULLAHI
(''Keselametan lan rahmate Allah
,mugo-mugo teteb marang siro
kabeh'')
NB: Menawi ingkang bade maos
tahiyat dowo ,monggo di
sumangga'aken

Tidak ada komentar:

Posting Komentar