Minggu, 26 Juli 2015

Asale manungso


Asale Menungso
SEJARAH JOWO
SEJARAH = Sejo Nganggo Arah
JOWO= Jawab Kang Wujud
DUMADINE WETAN, KULAON, LOR,
KIDUL
WETAN= Urip kang lungguh wujud
lanang lan urip kang lungguh
wujud wadon, biso tukul roso
seneng lan seneng. Wiwitane
inget-engetan timbul roso
seneng lan seneng mulo
kawastanan”WETAN”. Yen
katulis jawa : HA,NA.CA,RA,KA.
Werdine :ono acara, acarane
urip wujud lanang lan urip
wujud wadon. Aluse : ono
utusan , utusane urip wujud
lannang lan urip wujud wadon.
KULON= Urip kang manjing wujud
lanang lan wadon, nediyo
nindakake utusane urip. Soko
dayane seneng lan
seneng,kaucap: aku jaluk
“KELON” yen ikramakake
“KILEN”. Werdine iki ono
“KALON”:yen katulis jawa:
DA,TA,SA,WA,LA. Werdine:
datan nyulayani yen dikawinke
utowo di kramakaken datan
suwalan. Mulo kawastanan
“KULON”
LOR= Werdine, urip wujud llanang lan
urip wujud wadon, wis nyawiji
karepe,wus kinucap. Aku jalok
kelon lan iki ono kalen. Giyo
tumndak nguculi kolor. Yen
dikramakaken: “LER”. Mulo
yen wis ucul kolor ono barang
di ler. Urip wujud lanang lan
wadon nindakaaken darmane
urip. Mulo kawastanan”LOR”.
Yen katulis jawa
:PA,DO,JA,YA,NYA. Kang
werdine : pada dikdayane.
KIDUL= Wis wujud ucul kolor ono
barang di ler. Urip wujud
lanang lan wadonn nindakaken
utusane urip dumadi. Iki dudul.
Yen katulis
jawa:MA,GA,BA,TA,NGA. Kang
werdine : pada dadi batange.
Saka koedane roso “ BABAR
TIRTO PRAWITO SUCI” pada
kasektene dadi podo
batange.mulo kaucap “KIDUL”.
MULO DUMADINE SANGKAN PARAN
Dumadine ono: utowo ,sangkan paran
dumadine : “ANAK” ,jumbuh
dumadine mantenan
diwujudake:”SRAH-SRAHAN”.
WERDINE SRAH-SRAHAN
Nuwun-nuwun kaulonuwun kanti
eambaran payu g bud rahayu tansah
angunjukaken raos pujo-puji suko
syukur wonten ngarsu dalem gusti yang
moho  agung.rahayuo sagungeng
dumadi tansah kajiwo soho kasaliro
dumateng kulo lan panjenengan sami.
Amit pasang aiman tabek tinebehno ing
ilodini menyang tulak sarik.
Asaammuallaikum warahmatulahhi
wabarrrakatuh. Pnjenengan ipun bapak
...... soho ibu ....ingkang mangku gati.
Kang kulo hormati. Soho sepuh,
sesepuh, pinisepuh ingkang kulo
bekteni. Para bapak soho poro ibu tamu
undanggan kakung sumawono puri ugi
kulo hormati. Kulo boten ateges
cumantoko kadok wani muarang dugo
kulo madeng wonten ngerso
panjenengan sami soho hanggempil
kamardikane panjenegn sami ingkang
satemben wawan pangandikan
hanenggeh aurat ipun anggen kulo
mestuti jejibahan luhur. Kulo kapiji
pinongko duto saroyo sulih sariro
saking panjenengan ipun bapak soho
ibu....ingkang mengku gati kulo
kadawuhan utawi kautus hamasrahaken
srah-srahan utawi seh prenoto-
pernatane anak kulo....hanindakaken
jejodohan utawi darmane urip.
Wondene werdine srah-srahan :
pengaten kakung kapasrahaken bopo
moro sepuh,supados karengkuh kadyo
putranipun pribadi, kaparingan asmo “
MANTU”. Bab sepindah wondene
jangkep ongko kaping kalih manten
kakung soho manten putri kapasrahan
tanggel jawab utawi sesanggeman
ingkang pari kedah katindakno pinang
anten kekalih: kaujudaken ubo rampen
ingkang karacik wujud srah-srahan.
Jambe suruh temurose:
werdine=jambe: sejo kang nembe.
Suruh: kesusu weruh. Temu rose:
tinemu kang podo rasane.
Prasemone : yen diwalik seje corake
,yen ginigit podo rasane.
Werdine: urip kang ungguh wujud
lanang lan uri kang wujud wadon
kalamun nindakake darmane urip
utawi nindakake katresnan podo
ngrasakake nikmat.
Wondene wujude janur kuning kang
maengkung: werdine =janur: sejaning
nur. Kuning : lakune ning. Malengkung
: mleleng menyang kang kakung.
Hambabar cipto, roso, karso manunggal
nyawiji nedyo nindakaken adum
katresnan. Pramilo kagambaraken griyo
utawo wisma sak jodo kang werdine:
pinag anten kekaleh nedyo jejodohan .
kawastanan “jolen”:jarwo jothoke “
nedyo utawi sumadyo ngijoli kalen..
Wondene kawujudaken ketan: wedine
yaiku pengaten kekalih tansah
reraketan utawi cecaketan.
Wondene kawujudaken gedang rojo
setangkep: werdine inggih puniko=
gedang : gumregeto tumandang. Rojo:
roso kang sinejo kanthi jejodohan.
Yen wanci rino gumeregeto tumandang
makaryo ngupoyo pangan lan
sandhang. Yen wanci dalu : gumregeto
tumandang nindakaaken darmaning
urip utawi andom katresnan.
Kawujudaken kupat lepet:werdine
kupat:pinongko jimat kang lungguh
wujud wadon. Lire kupat yen kadahar
kedah kasigar : werdine sigar barang
siji begar. Mulo ungguh penganten
wadon.
Wondene lepet:jimate penganten
kakung. Werdine lepet kanggone klelep
kanthi mepet. Sebab jodone barang siji
mbegar.
“saru, gehhhhh” nanging wong sakalam
donyo kok nindakaaken. Yen mkaten
utomo ,pramilo kawastanan “
SARUTOMO” . Dumadine wong sak alam
donyo mulo kasebat: jimat werdine
barang siji kang di rumat utawi barang
siji dadi nikmat.
Kawujudaken lawe wenang acak ilir an
iyan lan prabot dapur.
Werdine lawe wenang: kang duwe
tanggung jwab mikul kabutuhane
panggan lan sandhang , kang kumlawe
wewenange wong lanang.
Wondene wujud wadon : kawasanan
dewi pertiwi lire: diwenwhi koyo wong
lanang wajibe nggemeni, nastiti, ngati-
ati. Ibu pertima lire : dadi babu kang
merteni bale omah. Mulo kawastanan
pedaringan: lire biso mepet darrbeni
pangan lan sandhang.
Kawujudaken tolen: werdine sarono
kanggo gumregete tumandang sebab
kanggo to-to lan olat-olet. Kanthi kocho:
lire lire kroso marem kathon cetho lan
trewoco.
Kawujudake bale domas lan guling:
werdine bale:nyebale/metune. Domas:
wujud sejodo podo gumuling koyo wong
odo nanging biso ambabar mas. Lire
sejodo:koyo wong bodho, nganggo baju
di lepas,katok di lepas , nganggo jarit di
lepas dadi koyo wong boddho mbabar
mas. Lire biso mbabar nikmat. Kang
kawastanan tirto prawito suci. Panjing
surupe lungguh ono ing bokor kencono
mertopo ing gedogo kencono.
Bokor kencono dununge jiwo rogone
penganten putri.
Gendog kencono dununging
kandunganne pengaten putri.
Kodrat soko prabawane bawono soyo
agen soyo ageng dungkat titi wanci,
nedyo jengkar saking pertapan gendogo
kencono nedyo mbuko kori sri
penganti. Mbuko kuwi: mbukak kori
yaiku lawang sri: kuwi wedok. Penganti
: kuwi penganten. Lire nedyo buko
lawange penganten wedok,brol
sesarengan geter lan peter ambabar ono
alias anank.
Mulo , kawastanan sangkan parane
dumadi ono.
Makaten babareng srah-srahan pramilo
ubo rampen srah-srahan.
Samudayanipun kulo aturi nampi
namung kulo sa pengiring kulo suwon
kondur soho kulo nyuwun pangestu sak
lampah kulo wonten ing margo ngantos
dumugi papan pidaleman ipun sowang-
sowang kalis nir ing ambikolo.
Wondene anggen kuo nindakaaken
jejibahan pinongko taange atur kulo
manungso lumprah boten lepas saking
kekilapan bilih wonten tumpang sune
atut kirang kresepaken raos penggalih
panjenengan sami kulo nyuwun
rumentahing sing kawelasan soho sehin
kemirahan. Kulo nyuwon lumebereng
samudro kang agung

Selasa, 14 Juli 2015

Marisi anak 3 perkoro

marisi anak 3perkoro
Bismillahirahmanirahim..........
Ono bapak ngomong nang anak e ,
'' Awas yo , lek ulanganmu bijine
elek , ojo nyeluk aku bapak
maneh !''
Sesuk e bapak e takon nang anak
e ,
''Piye hasille ulanganmu le . . ?''
Anak e jawab ,
''Remuk Bro...''
Lek pingin duwe anak apik dadio
wong tuo seng apik , anak iku
potho copy ne wong tuo ,,
=> Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso
pengeran
Anak putune, rame rame rebutan
warisan
Mulo wong tuo ninggal warisan
bondho dunyo iku kliru ,
mergo besok nang akhirat ora ono
pitakonan anak mu mbok tinggali
dunyo sa'piro.....?
Seng bener niku wong tuo ninggali
3perkoro yoiki :
1. ILMU
Anak iku amanat titipane gusti Allah
, mulo anak iku perlu di didik
tuntunan agomo islam . di ngertek
no iki larangan ,iki ganjaran , iki
perintah, iki duso, iki oleh,iki g
oleh
didik anak iku wajib , yen ora
sanggup di pasrahne kyai ,uztad
,guru lan sak pinunggalane
2. AKHLAQ
Bahasa tubuh iku luwih utomo
tinimbang bahasa lesan
Ojo mung pinter merintah , tapi
pintero nyontoni
nyontoni ping pisan iku luwih becik
tinimbang merintah ping sewu
3. DUNGO
mergo dungone seng biso di arep-
arep wong tuo zo iku dungane anak
(anak kang sholeh)
Bejo kemayangan kanggone wong
tuo seng duweni anak kang sholih
lan sholikah , iso ngangkat
derajatte wong tuo ono ing dunyo
dumugi tekan akhirat
Mugo-mugo kulo lan panjenengan
sedoyo di paringi anak ingkang
sholih (yen putro) sholikah (yen
putri) amiiin

4 golongan manungso

★ 4 GOLONGAN MANUNGSO MITURUT IMAM AL-
GHOZALI ★
=====================================
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo :
Enten 4 golongan manungso miturut penggolo_
nganipun Iman Ghozali , Sinten mawon golongan
sekawan niku wau.......?
⇉ Ingkang nomer setunggal golongan manungso
seng bejo urip ten alam dunyo lan bejo ten
akhirat , sopo rupane,,,,,?
Injih meniko tiang sugeh ingkang sregep ibadah ,
shodakoh nyah_nyoh
⇉ Ingkang nomer Kalih : Tiang ingkang bejo ten
dunyo Ning ciloko ten akhirat , sopo rupane...?
Injih meniko tiang sugeh ingkang demen maksiat ,
boten purun ibadah ,termasuk njih tiang sugeh
ingkang dados rentenir , tukang korupsi (maling)
, durhoko maring wong tuwo ...niku golongan
ingkang bejo dunyo ning coloko ten akhirat
⇉ Ingkang nomer Tigo : Tiang ingkang ciloko
dunyo BEJO akhirat ,sopo rupane...? Injih meniko
tiang miskin ingkang SREGEP IBADAH , senajan
uripe rekoso ning tetep purun ibadah kelawan
sabar , benjang ten akhirat dados tiang ingkang
bejo , mlebet suargone disek dhewe
• Ngamal niku ganjarane Enten ingkang dilipat
taken 10 , enten ingkang dipun lipataken 700 , lan
enten ugi dipun lipataken berlipat-lipat boten
saget dipun itung
★ Ngamal ingkang di lipataken 10 niki jenis
ngamal rogo, kados :maos qur'an tetulung /bantu-
bantu tiang
★ Lajeng enten ngamal ingkang di lipattaken 700,
njih meniko ngamal nganggo bondo ,ternasuk
shodakoh , infaq , slametan
★ Enten amal ingkang ganjarane berlipat-lipat
boten saget dipun itung , njih meniko ngamal
nganggo ati, contone : sabar , iklas , tawakal
Mulane tiang miskin ingkang sabar senajan ten
dunyane soro ning bakale bejo ten akhirate
⇉ Nah ingkang paling rekoso niki golonganipun
manungso ingkang nomer sekawan , injih meniko
ciloko ten dunyo lan ciloko ten akhirat ,sopo
rupane...? wes nang dunyo mlarat senengane
maksiat boten purun sholat (niku arane mlarat
lengkap) , wes nang dunyo susah boten purun
ibadah ning akhirat di paido kalih gusti Allah
- Nah kinten-kinten panjenengan niki tumut
potongan golongan ingkang pundi....?
NB; Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo
termasuk mlebet golonganipun manungso ingkang
nomer setunggal ,njih meniko BEJO TEN DUNYO
LAN BEJO TEN AKHIRAT......ALLAHUMA
AMIIIIIIIIIIN..........

Bedane sebut tuhan dan allah

Bedane penyebutan kata TUHAN lan
ALLOH
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
''Critane ''Mbah Ojo Dumeh'' lagi nyukani
gambaran maring putune seng arane ''Tansah
Eilingo'' masalah perbeda'an antarane penyebutan
''Tuhan'' Lan ''Alloh'' '' ﺍَ ﻟﻠَّﻪُ ''
Mbah Ojo Dumeh : ''Le ngger wong islam iku
seng prayogo nyebut pangeran ne iku kanti
sebutan Allah '' ﺍَ ﻟﻠَّﻪُ '' ,ora tuhan ,''
Tansah Eilingo : ''La bedane tuhan kalih Allah '' ﺍَ
ﻟﻠَّﻪُ '' niku nopo mbah.....?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Yo bedo le, yen tuhan iku
yo tuhan yen Allah iku yo Allah wehehe'' ,
Tegese Allah iku mbok apak-apak ne teteb
Allah '' ﺍَ ﻟﻠَّﻪُ '' ''
Tansah Eilingo : ''Maksudte pripun mbah....?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Tegese ALLAHU '' ﺍَ ﻟﻠَّﻪُ '' ,Iku
yen mbok ilange ''ALIF'' e munine LILLAH ﻟِﻠَّﻪِ
teteb Allah , yen mbok ilange ''LAM'' e dadi
''LAHU'' ﻟَﻪُ , IKU YO TETEB ALLAH, yen ''LAM'' Mbok
ilangi maneh unine ''HU'' ( ﻩُ ) ,artine ''DIA'' yo
teteb Allah,''
Tansah Eilingo : ''Lalek ''HU'' ne di ilange maneh
mbah......?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Oooo.....Yo sampean iku
seng ilang heemmm.......mosok kok areb mbok
ilangi kabeh...''
Tansah Eilingo : ''Wehehe...!!!!'' ( Mringis
mbalelo )'' , Lajeng yen TUHAN pripun
mbah......?''
Mbah Ojo Dumeh : ''La yen tuhan ora biso
ngunu iku ,Mulane yen sampean sowan nang
daleme pak kyai / poro alim , trus diwenehi
dzikir iku mesti ''IKI DZIKIRE MUNI ALLAH ( ﺍَﻟﻠَّﻪُ )
X1000'' , Ora ono kyai kok ngewehi dzikir '' IKI
DI WOCO TUHAN X1000'' , iyo pow ra....?''
Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah...!!!!''
Mbah Ojo Dumeh : ''Nah Allah ﺍَﻟﻠَّﻪُ iku mbok woco
cepet yo iso ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻟﻠَّﻪُ ﺍَﻟﻠَّﻪُ Allah, Allah, Allah
,Allah, Allah , di wocoooo kalem yo siiiip ,, ﺍَﻟﻠَّﻪُ
, ﺍَﻟﻠَّﻪُ , ﺍَﻟﻠَّﻪُ , ﺍَﻟﻠَّﻪُ , Allahu , Allahu, Allahu...
Jajal yen TUHAN,,,,
tuhan,,tuhan,,,tuhantu,,,hantu,,,hantu,,,Waaaaah
seng teko malah Grandhong , mak lampir ,lan
sak bala-balane ''
Tansah Eilingo : ''Wehehe.....njih ,,,njih
mbah...leres niku....''
Mbah Ojo Dumeh : ''Ono maneh wong arepe mati
(naza') iku yo di anjurke di tuntun
''Mbah,,,nyebut,,mbah,,,nyebut,,,,Allah...A...ALLAH...Trus
melu-melu nerok ke Allah,,,Allah, pas waktu
Ngex_ngox (mati) kan penak ,insya Allah iso
khusnul khotimah , lalek tuhan piye jal ,
'Mbah,,,nyebut,,mbah,,,nyebut,,,,Tuhan,,,Tuuuhaaaan,
trus melu-melu Tuuuhaaan,,,,TuhaaanTu,,,,Ngex_
ngox (mati) jal trus piye ngunu ''
Tansah Eilingo : ''Wah....wah....berbahaya niku
mbah''
Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mangkane iku
perbeda'ane penyebutan TUHAN lan Allah'' , wes
faham pow durung.....?''
Tansah Eilingo : ''Njih mbah Alhamdulillah
sampun faham, matur suwun mbah ''