Selasa, 31 Maret 2015

Pujineng nafsu

Pujine Napsu Patang Prakara
1. Lawwammah , iku af’aling urip, rupane
ireng, plawangane cangkem, dununge ing
waduk, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “ ,
iku sapurnaning cipta lan ripta.
2. Amarah, iku asmaning urip rupane kuning,
plawangane ing kuping, dununge ing
jantung, pujine ; ” Ilah…Ilah “ ,
iku sampurnaning sir lan angen-angen.
3. Supiyah, iku sifating urip rupane ijo,
plawangane ing irung, dununge ing amperu,
pujine ; ” Imanahu …Imanahu “ , iku
sampurnaning osik lan meneng.
4. Muthmainah, iku Dzating urip, rupane
putih, plawangane ing mata, dununge ing
pepusuh, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “ ,
iku sampurnaning budi lan rasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar