Selasa, 31 Maret 2015

Pujine nafas

Puji Nafas Patang Prakara
1. Napas , iku tetalining urip, iya tetalining
ruh, rupane ireng, plawangane Af’alullah,
dununge ing lesan, pujine ; ” Laa ilaha
ilallaah “, iku sampurnaning kulit daging.
2. Tanapas , iku pamiyarsaning ruh, rupane
kuning, plawangane Asma’ullah, dununge ing
kuping, pujine ; ” Allahu… Allahu “ , iku
sampurnaning balung lan otot.
3. Anpas , iku panggonaning ruh, rupane ijo,
plawangane Sifatullah, dununge ing gigir,
pujine ; ” Allah…Allah “ , iya
iku sampurnaning geting lan sumsum.
4. Nupus , iku paningaling ruh, rupane putih,
plawangane Dzatullah, dununge ing netra,
pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “ , iku sampurnaning
pangawasa lan napsu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar