Selasa, 31 Maret 2015

Puji dino

PUJI DINA
1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi
Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh
nginang sehari semalam, ahad lakune ing
surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi,
malekat limang leksa.
kuwasane : lungguhe ing wulu, teguh ora
kena winekang, lan ora katon
2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima,
nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah
iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan
kang rumeksa sadina lawan sawengi,
malekat kawan leksa.
kuwasane : lungguhe ing kulit, teguh kang
kena binenggang
3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi
Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina
sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa
sadino lawan sawengi, malekat tigang leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebayu,
angumpulake cahya kabeh
4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu
uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune
nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi
uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi,
malekat pitung leksa.
kuwasane : lungguhe ing daging, teguh tan
kena winangenan
5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu
uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune
nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana
uripnya, kang rumeksa sadina lawan
sawengi, malekat wolung leksa.
kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege
urip
6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya
enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni,
lakune nyegah pangan sadina sadalu,
jumungah lakune barat, kang
rumeksa sadina lawan sawengi, malekat
leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti
mandraguna
7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga
uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni,
lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu
uripe ing toya kang rumeksa sadina
lawan sawengi, malekat sangang leksa.
kuwasane : lungguhe ing sumsum,
angumpulaken sakehing rasa kabeh
8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina
sawengi salinnya, pan akatah
supangate, sarta anganggo laku lakunira
solan salin, puji lan nabirira, myang
cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati
ora kena den langkahi wayangane kang
maca

Tidak ada komentar:

Posting Komentar