marisi anak 3perkoro
Bismillahirahmanirahim..........
Ono bapak ngomong nang anak e ,
'' Awas yo , lek ulanganmu bijine
elek , ojo nyeluk aku bapak
maneh !''
Sesuk e bapak e takon nang anak
e ,
''Piye hasille ulanganmu le . . ?''
Anak e jawab ,
''Remuk Bro...''
Lek pingin duwe anak apik dadio
wong tuo seng apik , anak iku
potho copy ne wong tuo ,,
=> Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso
pengeran
Anak putune, rame rame rebutan
warisan
Mulo wong tuo ninggal warisan
bondho dunyo iku kliru ,
mergo besok nang akhirat ora ono
pitakonan anak mu mbok tinggali
dunyo sa'piro.....?
Seng bener niku wong tuo ninggali
3perkoro yoiki :
1. ILMU
Anak iku amanat titipane gusti Allah
, mulo anak iku perlu di didik
tuntunan agomo islam . di ngertek
no iki larangan ,iki ganjaran , iki
perintah, iki duso, iki oleh,iki g
oleh
didik anak iku wajib , yen ora
sanggup di pasrahne kyai ,uztad
,guru lan sak pinunggalane
2. AKHLAQ
Bahasa tubuh iku luwih utomo
tinimbang bahasa lesan
Ojo mung pinter merintah , tapi
pintero nyontoni
nyontoni ping pisan iku luwih becik
tinimbang merintah ping sewu
3. DUNGO
mergo dungone seng biso di arep-
arep wong tuo zo iku dungane anak
(anak kang sholeh)
Bejo kemayangan kanggone wong
tuo seng duweni anak kang sholih
lan sholikah , iso ngangkat
derajatte wong tuo ono ing dunyo
dumugi tekan akhirat
Mugo-mugo kulo lan panjenengan
sedoyo di paringi anak ingkang
sholih (yen putro) sholikah (yen
putri) amiiin
Selasa, 14 Juli 2015
Marisi anak 3 perkoro
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar