Selasa, 14 Juli 2015

4 golongan manungso

★ 4 GOLONGAN MANUNGSO MITURUT IMAM AL-
GHOZALI ★
=====================================
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo :
Enten 4 golongan manungso miturut penggolo_
nganipun Iman Ghozali , Sinten mawon golongan
sekawan niku wau.......?
⇉ Ingkang nomer setunggal golongan manungso
seng bejo urip ten alam dunyo lan bejo ten
akhirat , sopo rupane,,,,,?
Injih meniko tiang sugeh ingkang sregep ibadah ,
shodakoh nyah_nyoh
⇉ Ingkang nomer Kalih : Tiang ingkang bejo ten
dunyo Ning ciloko ten akhirat , sopo rupane...?
Injih meniko tiang sugeh ingkang demen maksiat ,
boten purun ibadah ,termasuk njih tiang sugeh
ingkang dados rentenir , tukang korupsi (maling)
, durhoko maring wong tuwo ...niku golongan
ingkang bejo dunyo ning coloko ten akhirat
⇉ Ingkang nomer Tigo : Tiang ingkang ciloko
dunyo BEJO akhirat ,sopo rupane...? Injih meniko
tiang miskin ingkang SREGEP IBADAH , senajan
uripe rekoso ning tetep purun ibadah kelawan
sabar , benjang ten akhirat dados tiang ingkang
bejo , mlebet suargone disek dhewe
• Ngamal niku ganjarane Enten ingkang dilipat
taken 10 , enten ingkang dipun lipataken 700 , lan
enten ugi dipun lipataken berlipat-lipat boten
saget dipun itung
★ Ngamal ingkang di lipataken 10 niki jenis
ngamal rogo, kados :maos qur'an tetulung /bantu-
bantu tiang
★ Lajeng enten ngamal ingkang di lipattaken 700,
njih meniko ngamal nganggo bondo ,ternasuk
shodakoh , infaq , slametan
★ Enten amal ingkang ganjarane berlipat-lipat
boten saget dipun itung , njih meniko ngamal
nganggo ati, contone : sabar , iklas , tawakal
Mulane tiang miskin ingkang sabar senajan ten
dunyane soro ning bakale bejo ten akhirate
⇉ Nah ingkang paling rekoso niki golonganipun
manungso ingkang nomer sekawan , injih meniko
ciloko ten dunyo lan ciloko ten akhirat ,sopo
rupane...? wes nang dunyo mlarat senengane
maksiat boten purun sholat (niku arane mlarat
lengkap) , wes nang dunyo susah boten purun
ibadah ning akhirat di paido kalih gusti Allah
- Nah kinten-kinten panjenengan niki tumut
potongan golongan ingkang pundi....?
NB; Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo
termasuk mlebet golonganipun manungso ingkang
nomer setunggal ,njih meniko BEJO TEN DUNYO
LAN BEJO TEN AKHIRAT......ALLAHUMA
AMIIIIIIIIIIN..........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar