Asale Menungso
SEJARAH JOWO
SEJARAH = Sejo Nganggo Arah
JOWO= Jawab Kang Wujud
DUMADINE WETAN, KULAON, LOR,
KIDUL
WETAN= Urip kang lungguh wujud
lanang lan urip kang lungguh
wujud wadon, biso tukul roso
seneng lan seneng. Wiwitane
inget-engetan timbul roso
seneng lan seneng mulo
kawastanan”WETAN”. Yen
katulis jawa : HA,NA.CA,RA,KA.
Werdine :ono acara, acarane
urip wujud lanang lan urip
wujud wadon. Aluse : ono
utusan , utusane urip wujud
lannang lan urip wujud wadon.
KULON= Urip kang manjing wujud
lanang lan wadon, nediyo
nindakake utusane urip. Soko
dayane seneng lan
seneng,kaucap: aku jaluk
“KELON” yen ikramakake
“KILEN”. Werdine iki ono
“KALON”:yen katulis jawa:
DA,TA,SA,WA,LA. Werdine:
datan nyulayani yen dikawinke
utowo di kramakaken datan
suwalan. Mulo kawastanan
“KULON”
LOR= Werdine, urip wujud llanang lan
urip wujud wadon, wis nyawiji
karepe,wus kinucap. Aku jalok
kelon lan iki ono kalen. Giyo
tumndak nguculi kolor. Yen
dikramakaken: “LER”. Mulo
yen wis ucul kolor ono barang
di ler. Urip wujud lanang lan
wadon nindakaaken darmane
urip. Mulo kawastanan”LOR”.
Yen katulis jawa
:PA,DO,JA,YA,NYA. Kang
werdine : pada dikdayane.
KIDUL= Wis wujud ucul kolor ono
barang di ler. Urip wujud
lanang lan wadonn nindakaken
utusane urip dumadi. Iki dudul.
Yen katulis
jawa:MA,GA,BA,TA,NGA. Kang
werdine : pada dadi batange.
Saka koedane roso “ BABAR
TIRTO PRAWITO SUCI” pada
kasektene dadi podo
batange.mulo kaucap “KIDUL”.
MULO DUMADINE SANGKAN PARAN
Dumadine ono: utowo ,sangkan paran
dumadine : “ANAK” ,jumbuh
dumadine mantenan
diwujudake:”SRAH-SRAHAN”.
WERDINE SRAH-SRAHAN
Nuwun-nuwun kaulonuwun kanti
eambaran payu g bud rahayu tansah
angunjukaken raos pujo-puji suko
syukur wonten ngarsu dalem gusti yang
moho agung.rahayuo sagungeng
dumadi tansah kajiwo soho kasaliro
dumateng kulo lan panjenengan sami.
Amit pasang aiman tabek tinebehno ing
ilodini menyang tulak sarik.
Asaammuallaikum warahmatulahhi
wabarrrakatuh. Pnjenengan ipun bapak
...... soho ibu ....ingkang mangku gati.
Kang kulo hormati. Soho sepuh,
sesepuh, pinisepuh ingkang kulo
bekteni. Para bapak soho poro ibu tamu
undanggan kakung sumawono puri ugi
kulo hormati. Kulo boten ateges
cumantoko kadok wani muarang dugo
kulo madeng wonten ngerso
panjenengan sami soho hanggempil
kamardikane panjenegn sami ingkang
satemben wawan pangandikan
hanenggeh aurat ipun anggen kulo
mestuti jejibahan luhur. Kulo kapiji
pinongko duto saroyo sulih sariro
saking panjenengan ipun bapak soho
ibu....ingkang mengku gati kulo
kadawuhan utawi kautus hamasrahaken
srah-srahan utawi seh prenoto-
pernatane anak kulo....hanindakaken
jejodohan utawi darmane urip.
Wondene werdine srah-srahan :
pengaten kakung kapasrahaken bopo
moro sepuh,supados karengkuh kadyo
putranipun pribadi, kaparingan asmo “
MANTU”. Bab sepindah wondene
jangkep ongko kaping kalih manten
kakung soho manten putri kapasrahan
tanggel jawab utawi sesanggeman
ingkang pari kedah katindakno pinang
anten kekalih: kaujudaken ubo rampen
ingkang karacik wujud srah-srahan.
Jambe suruh temurose:
werdine=jambe: sejo kang nembe.
Suruh: kesusu weruh. Temu rose:
tinemu kang podo rasane.
Prasemone : yen diwalik seje corake
,yen ginigit podo rasane.
Werdine: urip kang ungguh wujud
lanang lan uri kang wujud wadon
kalamun nindakake darmane urip
utawi nindakake katresnan podo
ngrasakake nikmat.
Wondene wujude janur kuning kang
maengkung: werdine =janur: sejaning
nur. Kuning : lakune ning. Malengkung
: mleleng menyang kang kakung.
Hambabar cipto, roso, karso manunggal
nyawiji nedyo nindakaken adum
katresnan. Pramilo kagambaraken griyo
utawo wisma sak jodo kang werdine:
pinag anten kekaleh nedyo jejodohan .
kawastanan “jolen”:jarwo jothoke “
nedyo utawi sumadyo ngijoli kalen..
Wondene kawujudaken ketan: wedine
yaiku pengaten kekalih tansah
reraketan utawi cecaketan.
Wondene kawujudaken gedang rojo
setangkep: werdine inggih puniko=
gedang : gumregeto tumandang. Rojo:
roso kang sinejo kanthi jejodohan.
Yen wanci rino gumeregeto tumandang
makaryo ngupoyo pangan lan
sandhang. Yen wanci dalu : gumregeto
tumandang nindakaaken darmaning
urip utawi andom katresnan.
Kawujudaken kupat lepet:werdine
kupat:pinongko jimat kang lungguh
wujud wadon. Lire kupat yen kadahar
kedah kasigar : werdine sigar barang
siji begar. Mulo ungguh penganten
wadon.
Wondene lepet:jimate penganten
kakung. Werdine lepet kanggone klelep
kanthi mepet. Sebab jodone barang siji
mbegar.
“saru, gehhhhh” nanging wong sakalam
donyo kok nindakaaken. Yen mkaten
utomo ,pramilo kawastanan “
SARUTOMO” . Dumadine wong sak alam
donyo mulo kasebat: jimat werdine
barang siji kang di rumat utawi barang
siji dadi nikmat.
Kawujudaken lawe wenang acak ilir an
iyan lan prabot dapur.
Werdine lawe wenang: kang duwe
tanggung jwab mikul kabutuhane
panggan lan sandhang , kang kumlawe
wewenange wong lanang.
Wondene wujud wadon : kawasanan
dewi pertiwi lire: diwenwhi koyo wong
lanang wajibe nggemeni, nastiti, ngati-
ati. Ibu pertima lire : dadi babu kang
merteni bale omah. Mulo kawastanan
pedaringan: lire biso mepet darrbeni
pangan lan sandhang.
Kawujudaken tolen: werdine sarono
kanggo gumregete tumandang sebab
kanggo to-to lan olat-olet. Kanthi kocho:
lire lire kroso marem kathon cetho lan
trewoco.
Kawujudake bale domas lan guling:
werdine bale:nyebale/metune. Domas:
wujud sejodo podo gumuling koyo wong
odo nanging biso ambabar mas. Lire
sejodo:koyo wong bodho, nganggo baju
di lepas,katok di lepas , nganggo jarit di
lepas dadi koyo wong boddho mbabar
mas. Lire biso mbabar nikmat. Kang
kawastanan tirto prawito suci. Panjing
surupe lungguh ono ing bokor kencono
mertopo ing gedogo kencono.
Bokor kencono dununge jiwo rogone
penganten putri.
Gendog kencono dununging
kandunganne pengaten putri.
Kodrat soko prabawane bawono soyo
agen soyo ageng dungkat titi wanci,
nedyo jengkar saking pertapan gendogo
kencono nedyo mbuko kori sri
penganti. Mbuko kuwi: mbukak kori
yaiku lawang sri: kuwi wedok. Penganti
: kuwi penganten. Lire nedyo buko
lawange penganten wedok,brol
sesarengan geter lan peter ambabar ono
alias anank.
Mulo , kawastanan sangkan parane
dumadi ono.
Makaten babareng srah-srahan pramilo
ubo rampen srah-srahan.
Samudayanipun kulo aturi nampi
namung kulo sa pengiring kulo suwon
kondur soho kulo nyuwun pangestu sak
lampah kulo wonten ing margo ngantos
dumugi papan pidaleman ipun sowang-
sowang kalis nir ing ambikolo.
Wondene anggen kuo nindakaaken
jejibahan pinongko taange atur kulo
manungso lumprah boten lepas saking
kekilapan bilih wonten tumpang sune
atut kirang kresepaken raos penggalih
panjenengan sami kulo nyuwun
rumentahing sing kawelasan soho sehin
kemirahan. Kulo nyuwon lumebereng
samudro kang agung
Minggu, 26 Juli 2015
Asale manungso
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar