Ana kidung rumeksa ing wengi,Teguh ayu luputo ing lara,Luput ing bilai kabeh,jim setan datan purun,paneluhan tan ana wani,miwah panggawe ala,gunaning wong luput,geni atemahan tirta,maling aeda tan ana ngarah mring mami,tuju nduduk pan sirna.Sakehing lara pan samya bali,Sakeh ngama pan sami miruda,Welas asih pandulune,Sakehing braja luput,Kadi kapuk tiba neng wesi,Sakehing wisa tawa,Sato galak tutut,Kayu aeng lemah sangar,Songing landhak guwane wong lemahmiring,Myang pakiponing merak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar